Parikan-Parikan (Pantun Jawa)

Posted by Diah Chamidiyah Blog on Senin, 14 November 2011

Berikut ini pantun-pantun jawa, atau parikan. cekidot:

Ngisor mesjid
Ono wedine
Kacek seringgit
Mileh adine
Nyangking ember
Kiwo tengen
Linggeh jejer
Tombo kangen

Pring gading
Mangklung ratan
Lencir kuning
Dadi rebutan
Ali-ali
Mata kuningan
Tak lali-lali
Tansah kelingan
Jare kayu
Kok cendek
Jare ayu
Kok budeg
Kapan badhane
Aku tak tuku piring
Kapan kawine
Aku tak melu iring-iring
Jare bendho
Kok arit
Jare bodho
Kok nganggit
Jare tebu
Kok ireng
Jare babu
Kok meteng

Hahhahahha... sudah dulu ya... lain kali disambung lagi :D




Blog, Updated at: 20.23

1 komentar:

Popular Posts

Followers